Cafebahasaku.com

SELAMAT DATANG !!!

BLOGG INI MERUPAKAN SARANA SEBAGAI MEDIASI UNTUK MENAMPUNG SEGALA KREATIVITAS ANAK BANGSA YANG BERHUBUNGAN DENGAN PERKEMBANGAN BAHASA & SASTRA INDONESIA

Selasa, 23 Juni 2020

CERITO CEKAK







UNASKU BOKEK
oleh: Denny Sofiastuti,M.Pd.
*Guru SMAN 21 Surabaya

Ujian Nasional iku acara wajib tahunan kanggo siswa SD, SMP karo SMA nang Indonesia gak terkecuali kanggo sekolahane Darmaji.  
Iki ana  crita persiapan UNAS teka salah sijine SMA nok Surabaya. Wis koyok biasane nek ape UNAS meh saben sekolah ngadakno tradisi maaf-maafan antarane murid karo guru-gurune, Istighosah, Sholat Tahajud bareng …. Sampek onok sekolah sing ngadakno pesantren kilat yoiku kegiatan karantina muride sing suwene antara siji sampek rong dino nginep nok sekolah cuma’ kanggo kegiatan spiritual keagamaan cekne arek-arek isok konsentrasi fokus persiapan UNAS gak klayapan sing gak jelas arahe. Onok sekolah sing ngadakno Hipnoterapy nekakno Psychiater nang sekolahan. Sedino sak marine kegiatan salah siji murid takok nang koncone sing gak melok kegiatan pesantren kilat:
Darmaji         :  “ Win …. Opo’o koen kok gak melok mondok nang sekolahan, nang  
                         endi ae awakmu ? ”  
Winarto         : “Gak Dar wong aku wis siap kok ngadepi UNAS tahun iki, aku yo
                         nang omah ae wong sing nyiapno UNAS iku Ibukku ”
Darmaji         : “ Lho ……kok iso ngono Win ??” Darmaji tambah kepo krungu critane
                        Winarto.
Winarto         : “ Mangkane Dar , koen dadi arek iku gak usah latah  ribet-ribet
                         melok Istighosah lah, Pesantren kilat lah …. Ayo ta melok koyok
                         aku ae,!”
Darmaji         : “Ape kok jak nang endi aku ?” Darmaji tambah kepo.
Winarto         : “Wis talah …. Gak usah kakean takon, awakmu kepingin sukses
                          UNAS kan, nek iyo ayo  melok aku ae!”
Darmaji         : “ Yo wis aku melok koen mene , sing penting UNAS beres !”
Isuk’e arek loro iku siap-siap  melok Ibuk’e Winarto nang daerah pinggiran Suroboyo sakperlu ape golek’i omahe Pak Sapuan. Pak Sapuan iku salah sijine wong pinter nok daerah Kenjeran. Pas apene budal Ibuk’e Winarto pesen nang Darmaji nek gak oleh cerito sopo-sopo, cukup arek loro ae supoyo ngko’ nilaine arek loro iku isok duwur dewe ketimbang konco-koncone.
Darmaji karo Winarto nang omahe Pak Sapuan nok daerah Kenjeran. 
Dino minggu kiro-kiro jam wolu Winarto, Ibuk’e karo Darmaji wis siap budal nang Kenjeran, perjalanan koyok’e kudu macet, mergo jalur Kenjeran termasuk jalur padet. Sak suwene perjalanan kanggo ngilangi stress arek loro iku ngomong ngalor ngidul karo cekiki’an. Pancen antara Winarto karo Darmaji iku kepitung konco akrab mulai SD sampek koyok dulur, malah arek loro iku kepingin kuliah nek iso yo sak kampus. Nek perkoro persahabatan pancen arek iku iso ditiru, tapi nek perkoro sregep sekolah arek iki gak kenek ditiru. Mergo arek iki termasuk sering gawe masalah nang sekolahan mulai telat, melanggar tata tertib, gak ngerjakno tugas, mbolos sampek ngeblong gak melok pelajaran. Wong tuwone yo sering oleh panggilan nang sekolah mergo ulahe arek-arek iku.
            Gak kroso perjalanan nang Kenjeran wis meh teko nggone Pak Sapuan. Mobile Darmaji mulai minggir golek parkiran, sak wise mandeg Ibuke Winarto mudun disik terus langsung mlebu nok halamane omahe Pak  Sapuan terus Ibuke Winarto ngethok lawang karo ngucapno salam “ Asalamu’alaikum ….. “ gak suwe metu wong lanang sing wis tuwo umure kiro-kiro sewidak taun. “ Walaikum salam” ….. jawab pak Sapuan. Ibuke Winarto dikonggkon mlebu tapi arek loro Winarto karo Darmaji gak oleh melok mlebu dikongkon ngenteni nang teras. Darmaji tambah penasaran. Kiro-kiro  sak jam Darmaji karo Winarto ngenteni let sediluk Ibuke Winarto metu. “ Ayo le …. ndang pamit mbah disik!”  Arek loro iku salaman karo Pak Sapuan sakperlu pamitan.
            Nok perjalanan mulih Ibuke Winarto njelasno perkoro syarat sing dike’i  Pak Sapuan. Jarene syarat iku gak ujug-ujug iso garakno arek-arek iso oleh nilai apik nek arek loro iku gak sinau. Dasar Darmaji arek males …. Opo sing dikandakno Ibuke Winarto iku gak direken.
            Pelaksanaan UNAS dino pertama wis berlangsung, Darmaji karo Winarto dilalah yo sak ruangan. Arek loro iku ketok klimpungan gak isi garap soal, koyok biasane arek iku tolah-toleh golek contoan. Bel wis muni jam ngerjakno soal UNAS wis entek. Nang jobo Darmaji langsung damprat Winarto : “ Win ….. gara-gara awakmu aku gak iso garap soal iki mau. Aku wis kok kongkon bayar entek akeh sementara aku jik tetep gak iso garap!” Darmaji tambah nemen emosine pas ndelok Winarto nanggapi dingin dampratane Darmaji, gak iso ngendalekno emosine Winarto ape ditampar karo Darmaji. Untunge nang kono liwat Irsyad sing langsung misah arek loro iku.
            Irsyad takok perkorone opo kok sampek sahabat karib iku ape tukaran, mari dijelasno Darmaji, Ngerti perkorone terus Irsyad nasehati Darmaji karo Winarto supoyo arek-arek iku gak berbuat dijelasno Irsyad nek perbuatane arek loro syirik maneh yoiku teko nang dukun sak perlu golek jampi-jampi cekno oleh biji apik tapi gak usah sinau. Dijelasno Irsyad nek perbuatane arek loro iku klebu prbuatan syirik sing ganjarane sholate selama 40 dino 40 bengi gak bakal diterimo Allah SWT. Mari dituturi Irsyad, langsung arek loro iku jaluk sepuro karo berusaha insyaf lan tobat nang Allah SWT. ***



Tidak ada komentar:

Posting Komentar