UNASKU
BOKEK
oleh: Denny Sofiastuti,M.Pd.
*Guru SMAN 21 Surabaya
Ujian
Nasional iku acara wajib tahunan kanggo siswa SD,
SMP karo SMA nang Indonesia gak terkecuali
kanggo sekolahane Darmaji.
Iki ana crita persiapan
UNAS teka
salah sijine SMA nok Surabaya. Wis
koyok biasane nek ape UNAS meh saben sekolah ngadakno tradisi maaf-maafan
antarane murid karo guru-gurune, Istighosah, Sholat Tahajud bareng …. Sampek
onok sekolah sing ngadakno pesantren kilat yoiku kegiatan karantina muride sing
suwene antara siji sampek rong dino nginep nok sekolah cuma’ kanggo kegiatan
spiritual keagamaan cekne arek-arek isok konsentrasi fokus persiapan UNAS gak
klayapan sing gak jelas arahe. Onok sekolah sing ngadakno Hipnoterapy nekakno
Psychiater nang sekolahan. Sedino sak marine kegiatan salah siji murid takok
nang koncone sing gak melok kegiatan pesantren kilat:
Darmaji : “ Win …. Opo’o koen kok gak melok mondok nang
sekolahan, nang
endi ae awakmu ?
”
Winarto :
“Gak Dar wong aku wis siap kok ngadepi UNAS tahun iki, aku yo
nang omah ae wong sing
nyiapno UNAS iku Ibukku ”
Darmaji : “ Lho ……kok iso ngono Win ??” Darmaji tambah kepo krungu
critane
Winarto.
Winarto : “ Mangkane Dar , koen dadi arek iku gak usah latah ribet-ribet
melok Istighosah lah,
Pesantren kilat lah …. Ayo ta melok koyok
aku ae,!”
Darmaji : “Ape kok jak nang endi aku ?” Darmaji tambah kepo.
Winarto : “Wis talah …. Gak usah kakean takon, awakmu kepingin
sukses
UNAS kan, nek iyo
ayo melok aku ae!”
Darmaji : “ Yo wis aku melok koen mene , sing penting UNAS beres !”
Isuk’e arek
loro iku siap-siap melok Ibuk’e Winarto
nang daerah pinggiran Suroboyo sakperlu ape golek’i omahe Pak Sapuan. Pak
Sapuan iku salah sijine wong pinter nok daerah Kenjeran. Pas apene budal Ibuk’e
Winarto pesen nang Darmaji nek gak oleh cerito sopo-sopo, cukup arek loro ae
supoyo ngko’ nilaine arek loro iku isok duwur dewe ketimbang konco-koncone.
Darmaji karo Winarto nang omahe
Pak Sapuan nok daerah Kenjeran.
Dino minggu kiro-kiro jam wolu
Winarto, Ibuk’e karo Darmaji wis siap budal nang Kenjeran, perjalanan koyok’e
kudu macet, mergo jalur Kenjeran termasuk jalur padet. Sak suwene perjalanan
kanggo ngilangi stress arek loro iku ngomong ngalor ngidul karo cekiki’an.
Pancen antara Winarto karo Darmaji iku kepitung konco akrab mulai SD sampek
koyok dulur, malah arek loro iku kepingin kuliah nek iso yo sak kampus. Nek
perkoro persahabatan pancen arek iku iso ditiru, tapi nek perkoro sregep
sekolah arek iki gak kenek ditiru. Mergo arek iki termasuk sering gawe masalah
nang sekolahan mulai telat, melanggar tata tertib, gak ngerjakno tugas, mbolos
sampek ngeblong gak melok pelajaran. Wong tuwone yo sering oleh panggilan nang
sekolah mergo ulahe arek-arek iku.
Gak kroso perjalanan nang Kenjeran
wis meh teko nggone Pak Sapuan. Mobile Darmaji mulai minggir golek parkiran,
sak wise mandeg Ibuke Winarto mudun disik terus langsung mlebu nok halamane
omahe Pak Sapuan terus Ibuke Winarto
ngethok lawang karo ngucapno salam “ Asalamu’alaikum ….. “ gak suwe metu wong
lanang sing wis tuwo umure kiro-kiro sewidak taun. “ Walaikum salam” ….. jawab
pak Sapuan. Ibuke Winarto dikonggkon mlebu tapi arek loro Winarto karo Darmaji
gak oleh melok mlebu dikongkon ngenteni nang teras. Darmaji tambah penasaran.
Kiro-kiro sak jam Darmaji karo Winarto
ngenteni let sediluk Ibuke Winarto metu. “ Ayo le …. ndang pamit mbah
disik!” Arek loro iku salaman karo Pak
Sapuan sakperlu pamitan.
Nok perjalanan mulih Ibuke Winarto njelasno
perkoro syarat sing dike’i Pak Sapuan.
Jarene syarat iku gak ujug-ujug iso garakno arek-arek iso oleh nilai apik nek
arek loro iku gak sinau. Dasar Darmaji arek males …. Opo sing dikandakno Ibuke
Winarto iku gak direken.
Pelaksanaan UNAS dino pertama wis
berlangsung, Darmaji karo Winarto dilalah yo sak ruangan. Arek loro iku ketok
klimpungan gak isi garap soal, koyok biasane arek iku tolah-toleh golek
contoan. Bel wis muni jam ngerjakno soal UNAS wis entek. Nang jobo Darmaji
langsung damprat Winarto : “ Win ….. gara-gara awakmu aku gak iso garap soal
iki mau. Aku wis kok kongkon bayar entek akeh sementara aku jik tetep gak iso
garap!” Darmaji tambah nemen emosine pas ndelok Winarto nanggapi dingin
dampratane Darmaji, gak iso ngendalekno emosine Winarto ape ditampar karo Darmaji.
Untunge nang kono liwat Irsyad sing langsung misah arek loro iku.
Irsyad takok perkorone opo kok
sampek sahabat karib iku ape tukaran, mari dijelasno Darmaji, Ngerti perkorone
terus Irsyad nasehati Darmaji karo Winarto supoyo arek-arek iku gak berbuat dijelasno
Irsyad nek perbuatane arek loro syirik maneh yoiku teko nang dukun sak perlu
golek jampi-jampi cekno oleh biji apik tapi gak usah sinau. Dijelasno Irsyad
nek perbuatane arek loro iku klebu prbuatan syirik sing ganjarane sholate
selama 40 dino 40 bengi gak bakal diterimo Allah SWT. Mari dituturi Irsyad, langsung arek loro iku jaluk sepuro karo berusaha insyaf lan tobat nang Allah
SWT. ***